catatan kecil dari pinggir hati

#twithoprak:twitt tentang Kethoprak



1.Kawiwitan udakara tahun 1887,kethoprak mung awujud dolanan nuthuk lesung dening para priya,katelah "Gejog Lesung" #twithoprak

2.Iringan kethoprak wiwit mawi tambahan iringan:kendhang,terbang,suling.tahun 1909 kethoprak wiwit digelar kanthi iringan pepak #twithoprak

3.Kethoprak Wreksotomo,miwiti pergelaran kethoprak sepindhahan,lan dipun pandegani dening Ki Wisangkoro


4.Rumiyin,para paraga kethoprak menika priya sedaya,kados ludruk #twithoprak


5.Kethoprak ngrembaka kanthi sae,utaminipun ing tlatah Ngayogyakarta,Lan katelah Kethoprak gagrak Mataram,KETHOPRAK MATARAM  #twithoprak


6.Kethoprak ugi ngrembaka kanthi sae wonten ing tlatah Jawi Tengah lan Wetan.Salah setunggiling kelompok kethoprak ingkang sae:SISWO BUDAYA Tulungagung


7.Gegayutan kaliyan bentuk pagelaranipun,kethoprak saged kapilah-pilah mekaten:.... #twithoprak

8.Kethoprak Lesung : pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. #twithoprak


9.Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ) #twithoprak


10. Kethoprak Gamelan Pendopo:carita-caritane ngemungake carita Babad,dipagelarake nganti seprene .Pagelarane ana ing 'Pendopo' #twithoprak


11.Kethoprak Panggung : dipagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat,sejarah,babad,daptasi #twithoprak


12.Cariyos2 kethoprak saged kapendhet saking sejarah,babad,carangan,adaptasi cariyos manca,cerita rakyat,lan sakpiturutipun #twithoprak


13.Kethoprak Mataram kawiwitan saking jaman Ki Glindhing,Sapta Mandala,Kethoprak RRI,ngantos kethoprak ringkes tjap tjonthong #twithoprak

14.Kethoprak ringkes menika minangka cara supados kethoprak mboten musna,kanthi ngringkes cariyos ngantos namung dados 1 jam #twithoprak


15.Udakara thn 90nan,nate munja kethoprak plesetan,ingkang mlesetaken cariyos2 babad,adaptasi.Kagem nglipur penonton #twithoprak


16.Lajeng ngrembaka malih Kethoprak Humor kang pergelaranipun kagiyaraken lumantar stasiun TV swasta RCTI. #twithoprak


17.Para Mpu Kethoprak:Siswondo HS (Siswo Budaya),Widayat(RRI Nusantara II),Bondan Nusantara (Sapta Mandala,Kethoprak Plesetan),..#twithoprak


18.Timbul (Kethoprak Humor),Ign.Wahono,Marsidah,Dirjo Tambur,Nano Asmarandana/Agus Leyloor (Kethoprak Ringkes) #twithoprak


19.Marwoto,Daryadi,Darsono,Ngabdul,Poniman,Jariyah,lan sak piturutipun #twithoprak


20.Mekaten wau seratan kula babakan kethoprak.Mugi dados renaning penggalih.Nyuwun ngapunten menawi wonten ingkang mboten trep  #twithoprak


21.O injih,kelepyan Mpu Kethoprak:Pak Bagong Kuss,Handung Kuss,Heru Kesawa,Den Baguse Ngarsa #twithoprak



















0 Komentar:

Post a Comment

#twithoprak:twitt tentang Kethoprak