catatan kecil dari pinggir hati

Agemane Dampar Sejati


Oncekana
Kanthi lelaku lan lumaku
Tumindaka kanthi ati kang wening
Jumangkaha nganggo dlamakan rasa rinasa
Tanpa rasa, sira ora bakal nemu pepadhang jati
kang sejatine dumunung ing wadhagira

Tumungkul
Konjema ing bantala
Wisuhana pepada Dalem kang rumeksa

Agemanmu agema
Kanthi tulusing ati
Amarga sindur kang kekanthi dampar kencana
Bakal amblerengi netra
Mbudhegake talingan

Lenggahana dampar sejati
kang dumunung ing ati

Dampar kawula kang wus tinitahake dening para leluhur
kang wus sumare





0 Komentar:

Post a Comment

Agemane Dampar Sejati