catatan kecil dari pinggir hati

Bebrayan, Pepesthi Kang Kudu Diudi

Jodo kuwi menungsa kang mengkoni, lan Gusti kang mangestoni. 
Jodo ora kudu sampurna, mung butuh rasa kang cemanthel ing netra. 
Jodo kuwi teka dewe tanpa diawe.

Tresna kuwi teka tanpa dipeksakke. 
Ana wayahe. Ana kodrate. 
Ginaris. 

Tresna iku ora bakal lunga seko ati.
Mung menungsa kudu saweguh ing gati.
Ngundhuh woh tresna kang ndhelik ing saktengahing pang iku ora gampang. 
Saktleraman netra, tresna isa mubal
saknalika.

Lumahna tanganmu. Gusti iku maha paweweh, ora bakal ninggal kodrat kang wus wiradat. Sabarmu, lelakonmu, iku kang mok tandur.
Ojo kalah sabar karo lemah yo le.
Telaten unggu woh gogrok, nanging banjur iso nyuburake.


Tamansari, 10 Juli 2013




0 Komentar:

Post a Comment

Bebrayan, Pepesthi Kang Kudu Diudi