"Uripana
uripmu kanthi nglakoni laku lan lelakon, supaya iso nguripi lan ngurupke uripe
liyan. Saknyatane lelaku ing sakjroning urip iku kaya mlaku ing pinggire
jurang, mlayu ing oro2 kang jembare ngungkuli langit. Urip utawa umur iku
pindha cerita cekak. Nanging lelakon sakjroning urip pindha cerita kang ora
ketemu pungkasane. Lakokna lelakonmu, dadekna cerita kang bakal dadi pepeling canggah
warengmu. Budi pekertimu kang dieling-eling, dudu wadhag lan wadhukmu."
Ana wewadi kang kasingitake dedening pepesthi. Satiti,
ngati-ati,tanpo wedi, mung iku kang sakderma janma den lakoni.
Ngrumat ati, nggulawenthah jiwa. Kinanthen rasa lan pikir kang
temata. Aja kelepyan,deksura dadi telik sandining nistha.
Ndondomi ati, kang bakal kanggo njala pangarep-arep. Ngikir
pikir, kang bakal kanggo nugel brahala.
Gegaran tresna awewayang rasa kapang, nggelar lelakon urip
anganti tanceping kayon ing pungkasaning crita.
Nuladha a Semar. Uripe katon samar ing pepadhang, lan katon
damar ing pepeteng.
Nlesih rasa lan pikir kang tansah ngembara. Nggegulang urip
sejati, ngudi pungkasane tanpa lali mula bukane.
Ngruwat urip kanthi donga, ngupakara hawa kanthi lelaku.
Menggak angkahe brahala kang awewujud deksura.
Wengi kang sesidheman. Njala wektu, ngupakara jaman. Wanuha
marang wengi, senajanta ora bakal iso kasimpen ing pepadhang.
Ojo kemlawe yen weteng luwe. Sumene sawetara, usapen riwe,
lan rapetna tanganmu. Gusti ora sare.
Kendhokno ati, nalika pikir kenceng. Kencengna ati, nalika
pikirmu kendho.
Udarana lelakon urip kanthi ati-ati lan gegaman ati. Supaya
nemokake Sang Maha Dzat kang nyawiji ing diri.
Nyunggi ati, ngundha rasa. Urip sejatine mung nggegulang rasa
kang ngembara, sakdepha, sakpada.
Pesthi, pinesthi, pepesthi, iku wenanging kang murbeng dumadi.
Laku,lelaku,lan lumaku, iku pesthining manungsa.
Urip lumaku nora bisa mandheg. Lelakumu mesu budi sejatine
uga ora bisa kasandhet. Kamanungsanmu kang nggegliwar lakumu.
Dadi wong Jawa iku lelaku lan nglakoni. Aja ngarep-arep dadi
lakon.
Sumunaring konang ing wayah wengi wus cukup kanggo madhangi
pepeteng. Semono uga laku kang apik bakal madhangi ara2 kang peteng.
Sawega ing diri, sawega ing gati. Gusti bakal rawuh tanpa cecala.
Kebakana atimu nganggo donga marang dzat kang maha dzat.
Nguripi urip, kelakone kanthi lelaku.Mlaku ing ara2 samun
kang peteng lelimengan.Mung cahyaning Pangeran kang dadi pandoming laku.
Kaya kang nate kawedharake dening Prabu Puntadewa : Urip iku
kanggo mati.
Drajating kamulyan iku beda2. Ana sing ngukur nganggo bandha,
ana sing nganggo rasa. Sejatine kamulyaning rasa iku panggayuh kang minulya.
Lan rasa
iku sinebar ing crita2 uripmu. Lumpukna, dadekna pasinaon urip, nunggu
kalanggengan kang bakal kababar.
0 Komentar:
Post a Comment