1.Kawiwitan udakara tahun 1887,kethoprak mung awujud dolanan nuthuk lesung dening para priya,katelah "Gejog Lesung" #twithoprak
2.Iringan kethoprak wiwit mawi tambahan iringan:kendhang,terbang,suling.tahun 1909 kethoprak wiwit digelar kanthi iringan pepak #twithoprak
3.Kethoprak Wreksotomo,miwiti pergelaran kethoprak sepindhahan,lan dipun pandegani dening Ki Wisangkoro
4.Rumiyin,para paraga kethoprak menika priya sedaya,kados ludruk #twithoprak
5.Kethoprak ngrembaka kanthi sae,utaminipun ing tlatah Ngayogyakarta,Lan katelah Kethoprak gagrak Mataram,KETHOPRAK MATARAM #twithoprak
6.Kethoprak ugi ngrembaka kanthi sae wonten ing tlatah Jawi Tengah lan Wetan.Salah setunggiling kelompok kethoprak ingkang sae:SISWO BUDAYA Tulungagung
7.Gegayutan kaliyan bentuk pagelaranipun,kethoprak saged kapilah-pilah mekaten:.... #twithoprak
8.Kethoprak Lesung : pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. #twithoprak
9.Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ) #twithoprak
10. Kethoprak Gamelan Pendopo:carita-caritane ngemungake carita Babad,dipagelarake nganti seprene .Pagelarane ana ing 'Pendopo' #twithoprak
11.Kethoprak Panggung : dipagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat,sejarah,babad,daptasi #twithoprak
12.Cariyos2 kethoprak saged kapendhet saking sejarah,babad,carangan,adaptasi cariyos manca,cerita rakyat,lan sakpiturutipun #twithoprak
13.Kethoprak Mataram kawiwitan saking jaman Ki Glindhing,Sapta Mandala,Kethoprak RRI,ngantos kethoprak ringkes tjap tjonthong #twithoprak
14.Kethoprak ringkes menika minangka cara supados kethoprak mboten musna,kanthi ngringkes cariyos ngantos namung dados 1 jam #twithoprak
15.Udakara thn 90nan,nate munja kethoprak plesetan,ingkang mlesetaken cariyos2 babad,adaptasi.Kagem nglipur penonton #twithoprak
16.Lajeng ngrembaka malih Kethoprak Humor kang pergelaranipun kagiyaraken lumantar stasiun TV swasta RCTI. #twithoprak
17.Para Mpu Kethoprak:Siswondo HS (Siswo Budaya),Widayat(RRI Nusantara II),Bondan Nusantara (Sapta Mandala,Kethoprak Plesetan),..#twithoprak
18.Timbul (Kethoprak Humor),Ign.Wahono,Marsidah,Dirjo Tambur,Nano Asmarandana/Agus Leyloor (Kethoprak Ringkes) #twithoprak
19.Marwoto,Daryadi,Darsono,Ngabdul,Poniman,Jariyah,lan sak piturutipun #twithoprak
20.Mekaten wau seratan kula babakan kethoprak.Mugi dados renaning penggalih.Nyuwun ngapunten menawi wonten ingkang mboten trep #twithoprak
21.O injih,kelepyan Mpu Kethoprak:Pak Bagong Kuss,Handung Kuss,Heru Kesawa,Den Baguse Ngarsa #twithoprak
0 Komentar:
Post a Comment